Blogger Widgets

Lirik Lagu Pacobaning Urip (Hip Hop)

Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro

Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro

Urip ing ndonyo iki pancen kudu rekoso,
opo meneh kahanan saiki ora iso di kiro,
butuh soyo akeh,
bondo soyo kelong,
opo-opo tambah larang,
marai tambah bingung,
direwangi nyambut gawe,
esok awan wengi nganti aku ora kober ngurus awakku iki,
neng kok yo tetep uripku iki iseh nelongso,
pingine aku gek cepet gek ndang iso mulyo.

Nek ora nduwe duit uripe angel meneh,
Nek ora nyambut gawe abot ora iso sugih,
Kabeh iki tak lakoni mung dinggo awakmu,
Supoyo sesok aku iso cepet dadi bojomu,
Sing iso nguripi awakmu nganggo duitku dewe,
Ra njaluk wong liyo opo utang tanggane,
Sithik mboko sithik duit iki tak lumpukke,
Tak tabung dinggo urip ro kowe sak lawase.


Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Kowe lan aku biso urip mulyo

Tansah nelongso rasaning atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semono suwene anggonku mikir kowe
Tansah agawe bingung atiku

Tanpo kenal wektu,
anggonku nyambut gawe nganti kurang turu,
lembor gaweane,
awak nganti rusak,
sirah nganti mumet,
ben urip kepenak,
tur ora kepepet,
pacobaning urip iki,
tak lakoni kanthi ikhlas karo sregep ndongo ben aku iso cepet mentas,
seko urip sing rekoso,
nglakoni alon-alon waton kelakon,
nganti aku iki iso mulyo.

Ojo sambat karo nasib nek urip iki wis susah,
kudu sregep nyambut gawe,
ben ora gampang pasrah,
senajan bayar sithik nanging ora ngapusi,
jujur lan sabar kui kudu dadi kunci,
ora peduli karo alangan sing tambah akeh,
ati kudu siap nompo ikhlas lan semeleh,
supoyo aku lan sliramu biso bebarengan,
mugi Gusti paring dalan ben kabeh dadi padang.


Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Kowe lan aku biso urip mulyo

Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Kowe lan aku biso urip mulyo


Download Now

Penulis : Jenura Fath ~ Sebuah blog yang menyediakan berbagai macam informasi

Artikel Lirik Lagu Pacobaning Urip (Hip Hop) ini dipublish oleh Jenura Fath pada hari 13 Sep 2013. Semoga artikel ini dapat bermanfaat.Terimakasih atas kunjungan Anda silahkan tinggalkan komentar.sudah ada 2 komentar: di postingan Lirik Lagu Pacobaning Urip (Hip Hop)
 

2 komentar:

  1. nelangsa banget lagu ini.. bener bener sesuai yang saya rasain.

    BalasHapus
  2. Termotivasi kalian lagu niki. .

    BalasHapus